WARA-WARA KANG DISIARAKE
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Dhumateng bapak-bapak saha kadang muda Rt. 02/Rw 03 mriki.
Bilih sampun dados adat sabenipun, mangke ing dinten ahad tanggal 16 maret
menika, kasuwun kempal wonten pos jagi sacelakipun mushola, watawis tabuh pukul
07.00. saperlu badhe gugur gunung utawi gotong-royong reresik mushola lan
sakiwa tengenipun amargi dalunipun badhe wonten pengaosan akbar pengetan Maulud
Nabi Muhammad SAW. Makaten pambiwara saking kula, mugi andadosaken kawigatosan
panjenengan sedaya. Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
WARA-WARA KANG DITEMPEL UTAWA
DIIDERAKE
Dipunbyawaraken dhumateng kaum muslimin saha muslimat dhusun
Langkap Kadungwuni. Bilih kangge mahargya pengetan dinten Isro’ Mi’roj Nabi
Muhammad SAW, Masjid Ulul Albab Langkap Kedungwuni badhe ngawontenaken acara
pengaosan umum ingkang Insya Allah badhe dipunleksanakaken benjang :
Dinten
: Senin
Tanggal
: 20 Juli 2009 M
27 Rajab 1429 H
Tabuh
: 20.00 WIB
Papan
: Masjid Ulul Albab Langkap Kedungwuni
Pambicara
: 1. KH. Ali Mansur saking Tegal
2. Drs. H. Miftahul Huda saking Pekalongan
Mila saking mekaten kasuwun kanthi sanget sedaya kaum
muslimin saha muslimat ngrawuhi acara menika
Cekap semanten wara-wara menika, mugi ndadosaken
kawigatosanipun sedaya warga.
Langkap, 18 Juli 2009
Pangarsa Ta’mir Masjid Ulul Albab
K.H. Shodiqin, S.Ag
WARA-WARA
Siswa kelas X, XI, lan XII kang tansah daktresnani,
Sesambetan kaliyan pengetan dinten Pindhidhikan NAsional, pramila para siswa kelas X, XI, lan XII supados nyiagaken kelasipun piyambak-piyambak kangge lomba karesikan tuwin kaendahaning kelas.
Awit saking punika, benjing
dinten : Setu Legi,
surya : 27 Mei 2010
para siswa supados mbekta pirantos kangge gotong-royong damel asri kelasipun piyambak-piyambak.
Mekaten, wara-wara punika. Sageda dipun leksanakaken kanthi saestu.
Semarang, 22 Mei 2010 Waka Humas,
ttd
Hadi Sucipto
Tidak ada komentar:
Posting Komentar