Kamis, 09 Mei 2013

berita bahasa jawa



Klaten, Jawa Tengah
Sasampunipun dumados bena ingkang ngembengi atusan hektar laladan pertanian ing Kabupaten Klaten Jawa Tengah, Pemkab Klaten badhe ngadani pendataan, dhateng kapitunan ingkang dipunsandhang among kisma. Pemerintah siyaga nggantos pantun ingkang puso jalaran kembengan bena kanthi benih nasional.
Kepala Dinas Petanian Kabupaten Klaten, Wahyu Prasetyo mratelakaken, sasampunipun dumados bena ing kang njalari atusan hektar laladan pasabinan gadhahanipun kadangtani keblabak bena, pehak Dinas Pertanian badhe ngadani pendataan kangge nyemak kapitunan ingkang dipunsandhang para among kisma. Kangge ngawekani babkasebat, tumprap kadangtani ingkang pantunipun puso, lan badhe tanem malih, pemerintah sampun nyawisaken benih nasional kangge nggantos. Angkahipun supados kapitunan ingkang dipunsandhang kadangtani boten tansayakathah.Samangke pamarintah ugi sampun nyawisaken redana kangge ngawekani maneka prekawis ingkang tuwuh sasampunipun bena ngembengi laladan pasabinan.
Haryadi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar